CERPEN CERKAK Bahasa Jawa Tema Persahabatan Terbaru SINGKAT PADAT DAN JELAS



Kanca Salawase

Jenengku  ovi,aku nduweni kanca jenenge Mutika.Tika kue kanca ku mulai aku nembe masuk sekolah kie.Tika kue bocahe apikan lan setia kawan.Tika biasa ngundang aku tukang ngelamun,nanging ngono aku ora tau risih nek diundang ngon yo mungkin wes biasa dadi yo biasa bae.
“ Doorr… “ ijig-ijig swara’e tika ngegeti aku.
“ih ko lah tik ngaget2’I nyong bae,mengko nek nyong jantungan kepriwe ko gelem apa tanggung jawab?”jawabku maring Tika.
“ yah ngapura lah vi,ko si ngelamun bae . uis bel kae ge masuk yuh,selak diomehi mengko karo pak  guru” bales tika mareng nyong.
Sawise kue nyong karo tika mlebu maring kelas bareng2.
Bel tanda bali sekolah wis dimuni’aken.kaya biasane nyong karo tika bali bareng.nanging tekan tengah dalan nyong karo tika kepisah soale tika sih garep mampir maring tukang jahit njuput klambine ibu’e. Akhire nyong bali dhewekan,nanging ijig-ijig “Buuukk…” buku seng tak gawa neng tangan mau gigal ditabrak bocah cilik.
“Ngapuro ya mbak nyong ora sengaja we”
“ya rapapa lah mung buku tok seng gigal,makane dik nek mlaku kue sing ati-ati ya”
“iya mbak”.
                Kaya biasa ne nyong mangkat sekolah gasik,yo kayak biasae nyong melu pelajarane pak guru lan buguru.Nanging dina kie ra kaya biasane,Tika yo tika ,nyong ra ketemu kae bocah sedino kie.polae khawatir maring tika nyong mutusaken bali sekolah maring umahe tika.Tekan ngarep umahe tika suasane omah e tika kue ra kaya biasae sepi banget kaya mareng kuburan baen.akhire nyong mutusaken,nyong takon mareng satpam umahe tika jebule tika wis ora tinggal mareng umah e kue.nanging ngono nyong di wenehi alamat umahe tika sing anyar.Bali sekan umahe tika nyong kepiran kenang opo tika kok pindah kok ora tinggal maring kono baen?trus kenang opo tika ora ngomong masalah e kue nang nyong?nyong kan kancane?apa tika lali ngabari nyong?nyong dadi kebingungan dhewe mikiri tika.
                Ngesuke kan dino minggu nyong  isuk-isuk oamitan karo ibune garep ngoleti alamt umah etika seng anyar.sejaam luwih nyong muter-muter ngelewati gang-gang sempit akhire ketemu juga umahe batinku.tekan ngarep omah e aku kaget tika seng biasa e urip enak siki malah urip nang tempat kaya kie,kumuh lan sempit.
“assalammu’alaikum..” . omonge nyong pas tekan ngarep umahe tika.
“wa’alaikumsalam “ bales tika pas mbuka lawang umahe.
Tanpo akeh omongan kaya biasane tika ngajak aku mlebu maring umahe.Tika nyeritaken kabeh masalah e kue maring nyong nek keluargane kue nduwe utang maring bank nanging sayang e polae keluargane ra teyeng bayar akhire umahe kue disita karo bank.
“ ya wes lah tik ra usah sedih terus,sih ana nyong kancane ko.nyong bakal selalu ana maring sandinge ko seneng utawa lagi sedih e ko,yo..” omongku nggo nenangaken tika seng sedih polae masalah e kue.
“ nyong bersyukur banget vi karo allah,soale allah wis ngewenehi kanca kaya ko ” bales tika maring nyong.
“Nah ngene bae dhewek ngawe janji nek dhewek kui bakal selalu bareng-bareng ora bakal kepisah masio ko karo nyong adoh,kepriwe tik..??”jaluk nyong maring tika.
“Ayo..”bales tika karo semangat.

“dhewek kue kanca salawase,dhewek kue mesti bareng-bareng,ra bakal kepisah karo jarak lan tetep dadi kanca nganti akhir urip e dhewek” atur’e tika bareng karo nyong dibarengi karo nguyu.


CopasFrom https://yulianadip.blogspot.co.id/2014/12/cerita-cekak-bahasa-jawa-kanca-salawase.html?m=1

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "CERPEN CERKAK Bahasa Jawa Tema Persahabatan Terbaru SINGKAT PADAT DAN JELAS"

Posting Komentar