25 Tembang Macapat PANGKUR Buatan Sendiri Terbaru 2018



Tembang Pangkur adalah salah satu tempang macapat. Tembang pangkur memilik 7 gatra. Sekarang penulis akan memberikan tembang pangkur buatan sendiri.

1.nyingkiri apa sing ala
Supaya dadi anak luweh becik
Ora kok seneng ganggu
gangguni kanca kanca
Dadio bocah sing manut lan sing lugu
Ora kok dadi nakal
Amrih besok diajeni

2. Bocah-bocah do sekolah
Wiwit mbiyen nalika iseh cilik
Sregepa anggolek ilmu
Wayah esuk lan awan
Ngrungokake perintah para guru
Lan bisa ngerti agama
Agama ngersaning Gusti

3.Mlaku-mlaku ing jakarta
Mandek ing wilayah pantai gading
Amarga kebelet tuku
Oleh-oleh jakarta
Kaya dene kaos, jaket lan sepatu
Supaya dadi kenangan
Lan ngerti yen wis ing mriki

4.Ayo padha sregep maca
Yaiku maca buku basa jawi
Bukune sing werna biru
Isine basa krama
Ngapalno Krama inggil lan krama alus
Nganti saget maca lancar
Lan ora ngisin-ngisini

5. Sinau aksara jawa
Hanaca diwulu dadi hinici
Ra disuku dadine ru
Ngawe ng ngowo cecak
Mateni huruf iku kudu dipangku
Ngawe r kudu di layar
Terakhire iku lungsi

6.Sinau Tembang macapat
tembang sing paling gampil yaiku mijil
Gatra ora luweh pitu
Luweh sako sekawan
Sing paling bener gatrane enem iku
Gatra ora keno salah
Sebab gatra iku penting

7. Ayo padha ing sekolah
Sinau supaya dadi wong sugih
Sugih pekarane ilmu
Ora sugih sing liya
ilmu iku penting kanggo anak putu
Supaya ngerti berjuang
Kanggo pangurip sing asli

8. Nuntut iLmu neng sekoLah
Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok Lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunan

9. Wong Jawi kang trep budaya
Njaga adat lan aturan kang aji
Gamelan, batik lan lagu
Bisa dadi warisan
Supaya bisa dijaga anak putu
Supayane ora ilang
Menika budaya Jawi

10. Lumuh tukua pawarta,
Tan saranta nuruti hardengati,
Satata tansah tinemu,
Kataman martotama,
Kadarmaning narendra sudibya sadu,
Wus mangkana kalih samya,
Sareng manguswa pada ji.

11. Kanjeng sunan kali jaga
Ingkang ngripta kang dandhang gula yekti
Sunan gunung jati pocung
Njeng sunan bonang durma
Maskumambang yeku sunan maja agung
Tembang mijil ingkang ngripta
Sunan geseng asmane ki

12.Sunan giri smarandana
Datan kantun sunan pajang kinanthi
Sunan murya padha pangkur
Dene sinom kang ngripta
Datan sanes njeng suna giri rumuhun
Megatruh iku kang yasa
Nenggih kanjeng sunan giri

13.Sekar pangkur kangwinarna
Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

14.Deduga lawan prayoga
Myang swatara riringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggalan
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Ngucap meneng anendra
Duga-duga nora kari

15.muwah ing sabarang karya
ingprakara gedhe kalawan cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambegan
papat iku nora lali

16.Kalamun ana manungsa
Anyinggahi dugi lawan prayogi
Iku watege tan patut
Amor lawan wong kathah
Wong deg sura daludur tan wruh ing edur
Aja sira pedhak-pedhak
Ora wurung meniwasi

17.Mapan wataking manungsa
Pan ketemu ing laku lawan linggih
Solah muna-muninipun
Pan dadya panengeran
Kang ngapinter kang bodho miwah kang luhur
Kang asor lan kang mlarat
Tanapi manungsa sugih

18.Heh padha mongsapa dhaa
Damarwulan tangya sun enteni
Iki uru bisma prabu
Wong sekti mondra guna
Kalok ingrat pilih tandhing ing prang pupuh
Sura mrata jaya mrata
Tau tate angentasi

19.Surya candra lan kartika
Jurang harga myang wening jalanidhi
Yekti mawa pasang surut
Ywa maneh tamung sira
Yen kalisa owah gingsir ing tumuwuh
Ratri rina sore beda
Baya tan susah pinikir

20.Jirak pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta kang muroni
Sinambi kalane nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Baon sabin ing nawala
Kinarya langen pribadi

21.Ayo kanca padha sholat
Supaya pikanthuk rahmating gusti
Lan sregepa golek ilmu
Utamaning ilmu agama
Manut nasihat bapak ibu lan guru
Supaya slamet ing dunia
Lan saking karmaning gusti

22.Eling-eling para kanca
Linambaran ati kang kanthi suci
Sasi pasa pari kudu
Rinasa kanthi lega
Dhahar ngunjuk linampahan wanci dalu
Fitri ing wulan riyaya
Ana bebrayan puniki

23.Ayo kanca di gatekna
Becik ala kudu di titeni
Menyang isuk golek ilmu
Sekolah sing tenanan
Supaya dadi wong sukses lan berilmu
Susah seneng di rasakna
Kanggo bekal urip iki

24.Tanduran kudu di jaga
Isok lan sore padha di sirami
Lan aja lali di pupuk
Kudu sregep ngerawat
Menehi banyu lan pupuk kudu cukup
Dadi tanduran kang endah
Katon seger ora mati

25.Bakti marang ibu bapak
Aja maneni yen di nasehati
Budi pekerti kang luhur
Kudu kita tindakna
Iku printah gusti ingkang maha agung
Kanggo sedaya manungsa
Sing urip ing dunyo iki

Terimakasih sudah mengunjungi blog saya, semoga bermanfaat. Kalau ada kesalahan dimaafkan ya. Jangan lupa komentarnya ditunggu. Salam manis dari penulis.

Subscribe to receive free email updates:

5 Responses to "25 Tembang Macapat PANGKUR Buatan Sendiri Terbaru 2018"

  1. Terus menulis...
    Semoga banyak menulis tulisan yang bermanfaat bagi banyak orang

    BalasHapus
  2. Dikasih temanya dong biar lebih enak

    BalasHapus